Selasa, 18 Maret 2014

Pidato Mengeti Dinten Pendidikan

Pidato Mengeti Dinten Pendidikan

Assalamualaikum Wr.Wb
Ingkang kinurmatan dhumateng para mudha ingkang tansah manggih karaharjan
Lan kancan-kanca ingkang kula tresnani

Langkung rumiyin sumangga sesarengan ngunjukaken puji syukur wonten ngarsanipun Gusti ingkang murbeng dumadi, awit saking paring rahmatipun kita tansah pinaringan kawilujengan makempal rawuh wonten acara mengeti dinten pendidikan.

Wonten ing pengetan dinten pendidikan menika, kita saged ningali kemajengan pendidikan Nagari Indonesia. Pendidikan Nagari Indonesia nalika jaman saderengipun kamardikan menika susah sanget kangge mudha-mudhi nuntut ilmu ing sekolah, amrga Indonesia taksih dijajah kaum penjajah. Ningali kasusahan menika wonten tiyang ingkang asmanipun Ki HAjar Dewantara ngraos trenyuh lan dados ngejuangaken hak pendidikan para mudha nagari Indonesia. Nalika Indonesia sampun merdeka Ki Hajar Dewantara didadosaken Menteri Pendidikan Nagari Indonesia.
Dhumateng ingkang gadhah pangertosan menapa kemawon, mugi saged nularaken dhateng kemajengan paguyuban pendidikan Nagari Indonesia. Kula ajak-ajak para mudha gadahi kewajiban sinau lan nuntut ilmu supados dados mudha-mudhi Indonesia ingkang saged banggaaken keluarga, sekolah lan Bangsa Indonesia. Menawi kangge tiyang sepuh supados maringi pendidikan lan mbelani hak-hak pendidikan supados saged diraosaken para mudha sasampunipun.

Kula kinten cekap semanten atur kula, nyuwun pangapunten bilih wonten tetembungan ingkang kirang mranani penggalih. Ing wasana sugeng pirembagan lan wekdal kula aturaken saprayoganipun dhumateng pranata cara.

Wassalamualaikum Wr.Wb

Nama : Endang Setiati
No. Absen : 11
Kelas : XI IPA 2
 
 

Tidak ada komentar:

Posting Komentar